Pahlawan

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Pahlawan kuwe wong sing wani lan gelem berkorban kanggo mbelani sing bener, atawa pejuang sing gagah berani[1]. "pahlawan" kuwe asale sekang basa Sansekerta phala-wan sing artine wong sing sekang njero awake ngetokna buwah (phala) sing berkualitas kanggo bangsa, negara, lan agamane. Nang jerone aturan resmi Indonesia[2][3], pahlawan nasional Indonesia yakuwe:

  1. Warga Indonesia sing uwis seda.
  2. Uwis mimpin lan nglakoni perjuangan nganggo senjata, perjuangan politik, atawa perjuangan nang bidang liyane kanggo nggutulna/ngrebut/njagani/ngisi kemerdekaan lan ngwujudna persatuan lan kesatuan bangsa.
  3. Uwis nglahirna gagasan atawa pemikiran gedhe sing teyeng nunjang pembangunan bangsa lan negara.
  4. Uwis ngasilna karya gedhe sing nekakna manfaat kanggo kesejahteraan masyarakat luas atawa ningkatna harkat lan martabat bangsa Indonesia.
  5. Pengabdian lan perjuangan sing dilakonine uwis mlaku meh selawase urip, ora mung sedela, lan nglewihi tugas sing dilakonine.
  6. Perjuangane nduweni jangkauan luas lan berdampak nasional.
  7. Nduweni konsistensi jiwa lan semangat kebangsaan/nasionalisme sing duwur.
  8. Nduweni akhlak lan moral sing duwur.
  9. Pantang menyerah maring lawan atawa musuh..
  10. Ora nglakokna pegawean élék sing teyeng ngrusak nilai perjuanganné.


Referensi[sunting | besut sumber]

  1. Kamus Besar Bahasa Indonesia (2001)
  2. Peraturan Presiden Nomor 33/1964 mengenai Penetapan Penghargaan dan Pembinaan terhadap Pahlawan
  3. Peraturan Presiden Nomor 5/1964 mengenai Pemberian Penghargaan/Tunjangan kepada Perintis Pergerakan Kebangsaan/Kemerdekaan