M. Koderi

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti

[sunting] Prakata

Laire neng Patikraja Banyumas 7 Mei 1949. Taun 1971-1973 dheweke ngodhe neng Lembaga Riset Kebudayaan Nasional - Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LRKN - LIPI). Kawit taun 1973 dheweke pindhah nyambut gawe neng perpustakaan duweke Landa jenenge Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde - Koninklijk Nederlanse Akademie van Wetenschappen desingkat (KITLV-KNAW) Jakarta tekan pensiun wulan April 2004. Njur dikon ngodhe maning neng kono tekan pensiun sing kaping pindho wulan April 2007. Kawit Desember 2007 nyambut gawe maning neng perpustakaan Tarumanagara Knowledge Centre (TKC) Jakarta. Neng ngumah dheweke pancen dhemen nulis. Mulane pengalamane nulis ya neng werna-werna media cetak, kaya dene neng koran Pelita, Panji Masyarakat, Warta Serayu, Majalah Gandem, Harian Aksi, Buletin Seruling Mas lan Majalah Banyumasan BAWOR. Neng kantor uga kon ngurusi Buletin Warta TKC. Kejaba kuwe, wong sing hobby fotografi kiye uga sok ngarang buku.

[sunting] Karya

Buku-buku sing wis mbabar:

  1. Banyumas, Wisata dan Budaya. Purwokerto: Penerbit Metro, 1991
  2. Kamus Dialek Banyumas - Indonesia.Purwokerto: Dewan Kesenian Banyumas - Yayasan Damar Agung, 1996 [cet.ke-1)
  3. Bolehkah Wanita Menjadi Imam Negara? Jakarta: Gema Insani press, 1999
  4. Ir. Suhartoyo, Dari Piyungan ke Court of Saint James. Jakarta: Cahaya Ibu, 2001
  5. 10 Tahun Seruling Mas. Menggali Potensi Eks Karesidenan Banyumas. Jakarta: Yayasan Seruling Mas, 2003
  6. Wong Banyumasan, Kiprah dan Karyanya. Jakarta: Purbadi Publisher, 2006.
  7. Kamus Dialek Banyumas - Indonesia. Cetakan ke-2, Purwokerto: Swarahati, 2007.
  8. 50 Tahun Perjalanan Yayasan Tarumanagara 1959-2009. Jakarta: Yayasan Tarumanagara, 2009.
  9. Sejarah Rumah Sakit Royal Taruma. Jakarta: Yayasan Tarumanagara, 2011.
  10. 45 Tahun Kiprah PCM Pasar Minggu. Jakarta: PCM Pasar Minggu, 2011.
  11. Jenderal Besar Soedirman, Biografi dan Bibliografi".
  12. Agenda Peringatan 20 Tahun Seruling Mas Jakarta: Yayasan Seruling Mas, 2012.


Dheweke duwe kekarepan garep terus nulis buku apa baen sing ngenani Banyumasan lan liya-liyane sing ana mampangate. Alumni SP IAIN Purakerta 1969 (siki MAN 1) sing siki manggon neng kutha Jakarta kiye uga seneng nimbrung neng paguyuban Banyumasan biasane kebagian publikasi lan dokumentasi, yakuwe: Ikatan Keluarga Patikraja Banyumas (IKPB), Kerukunan Keluarga Banyumasan Jabodetabek (KKB) lan Paguyuban/Yayasan Seruan Eling Banyumas (Serulingmas) uga dadi anggota nang Komunetmas.


Wiki letter w.svg

Tulisan/artikel kiyé égin tulisan rintisan. Mangga mélu ngembangna dadi tulisan sing wutuh.

Piranti pribadi
Bilik jeneng

Varian
Tindakan
pandhu arah
Komunitas
Wikipedia
perangkat