Kembang Wijayakusuma
Isi |
[sunting] Prakata
Miturut hasil penelitian majalah Trubus, ana loro tanduran sing biasa diarani wijayakusuma yakuwe wijayakusuma sing dikeramatna dening Kasunanan Surakarta karo, Wijayakusuma sing biasa nggo tanduran hias.
[sunting] Wijayakusuma Keramat
Jeneng latine Pisonia Grandis var Silvestris, tanduran jenis kiye kurang dikenal masyarakat. Sing paham umume ahli botani karo paranormal, wujude mirip kol banda (Pisonia Alba) sing umum ditandur nggo tanduran hias. Bedane, godong pucuk kol banda kelire kuning cerah, sementara godong pucuk wijayakusuma tetep ijo kaya umume werna godong.
Wit wijayakusuma dhuwure sekitar 3 meter wujude mirip bonsai. Miturut ahli botani K. Heyne, wit kiye dhuwure bisa ngantek 13 meter. Nang Indonesia wit kaya kiye anane mung nang kepulauan Seribu, Karimunjawa, pulau Puteran Madura, Bali, Ambon karo nang pulau Karang Bandung pedhek pulau Nusakambangan. Nang Bali diarani dag-dag see angger nang Ambon diarani sayur putih pulu. Sing bisa kembang (mekar) mung wijayakusuma Pisonia kiye, yakuwe sing nang pulau Karang Bandung Nusakambangan, Karimunjawa karo Bali, ning arang pisan.
Wijayakusuma duwe kembang majemuk, tangkai kembange nyembul metu. Siji tangkai kuwe bisa duwe sekitar 10 malai, saben malai tumbuh ngantek 20 kuntum kembang, dadi setangkai Wijayakusuma kuwe bisa ana atusan kembang. Diameter kembang kiye cilik pisan, mung sekitar 2 - 4 milimeter pas dong agi mekar, dawane 5 nganti 6 milimeter, wujude kaya terompet, kelir utawa warna kelopake ijo, mahkotane putih, benangsarine putih mandan kuning.
Kembang kiye duwe aroma sing harum pisan, mekare awan, angger mekar mung bisa tahan sedina, bar kuwe layu terus garing. Setangkai kembang kiye angger mekar ora bareng ning bertahap, ana sing bisa dadi woh (antara 1 - 2).
[sunting] Wijayakusuma Hias
Tanduran kiye umum ditandur ngaggo pot uga nang pojok-pojok omah. Basa latine diarani Epiphyllum oxypetalum. Tanduran kiye uga diarani Ratu Malam (Queen of' Night). Werna kembange putih, diameter 10 cm, dawane 20 cm, mekar mung angger mbengi thok, mulane akeh sing ngarani midnight flower utawa kembang tengah malam utawa kembang sedap malam. Daya mekare mung sawengi thok, ngesuke mesthi layu. Nang masyarakat China populer diarani Keng Hwah sing artine kembang sing indah lan agung.
[sunting] Mitos
Kembang wijayakusuma uga ana mitos utawa takhayule, konon "sapa baen sing bisa ndeleng pas kembang kiye mekar, rejekine bakal lancar", mulane mageh padha njajal. Kembang Wijayakusuma ana pewayangan jawa dadi pusaka duwene Prabu Bathara Kresna ratu negara Dwarawati lan narendra tedaking wisnu lan dewi pretiwi. Ing pewayangan gagrak Banyumas kembang WijayaKusuma asring kasebut "Cangkok WijayaMulya". Dene pigunane kembang iki bisa kanggo nguripake manungsa sing mati sadurunge tiba wancine. Mula nganti saiki kanggone masyarakat kang tesih ngandel, kembang wijayakusuma asring kagunakake kanggo tamba. Carita dumadine kembang wijayakusuma sing ana Nusakambangan kaya ngene : "Dhek mbiyen Prabu Ajipamasa narendra Mamenang Kediri sing sakti kalokengrat tinantangan yuda dening Ki Beghawan Kano. Nalikane campuhing ngayuda tanding tiyasa adu atosing balung kandeling kulit, beghawan Kano kaseser yudane nganti keplayu tumeka gisiking samudra Hindhi. Ing kana ditututi dening prabu Ajipamasa. Sang resi ora gelem kapikut, mula ambyur aneng samudra. Kaelokaning jagat dumadakan ana Nuswa ingkang kambang-kambang ing banyune segara. Rejaning jaman, Pulau(Jw;Nuswa) sinebut Nuswa Kambangan Utawa NusaKambangan. Eloking kahanan, dumadakan ana ula Naga Gedhi bakal mangsa Prabu Ajipamasa. Dilepasi panah sanalika badhar wujuding ula dadi wanita ayu ngawe-awe sang Prabu saka Nuswa mau. Sang prabu nuli nyedhaki nganggo gethek. Ing kana sang dewi matur menawa dheweke sejatine ula mau. Sang dewi matur panuwun marang sang prabu awit wis ngluwari bebendune jawata kang sinandhang sang dewi. Sang dewi paring sekar ingkang aran sekar Wijayakusuma marang sang prabu. Sang dewi matur manawa sarining kembang mau didahar dening sang prabu, bisa mahanani langgeng anggone dadi ratu. Nuli sang dewi musna ilang. Ing kana sang prabu banjur bali menyang dharatan. Ing satengahing samudra, dumadakan ana alun gedhe gawe gomplanging gethek. Kembang wijayakusuma tiba ing samudra. Sang prabu banget judheg ing panggalih. Eloking kahanan, ing nuswa kambangan dumadakan ana kembang thukul. Kembang mau saemper kaya kembang wijayakusuma. Papan thukuling kembang mau inganaran Majethi. Ing kana sang prabu dhawuh manawa tedhak turune bisa langgeng anggone dadi Ratu, yen bisa Ngasta kembang mau. Mula nganti saiki yen ana jumenengan ratu ing Sala apa Jogja mesthi nganggo kem\
Tulisan/artikel kiyé égin tulisan rintisan. Mangga mélu ngembangna dadi tulisan sing wutuh.