Kecamatan Patikraja

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti

Kecamatan Patikraja
Kabupaten
Kabupaten Banyumas
Camat
---
Luas
---
Penduduk
---
Desa/Kelurahan
---/---

Kecamatan Patikraja kuwe salah siji kecamatan nang kabupaten Banyumas.

Isi

[sunting] Desa-Desa

[sunting] Desa Patikraja

Desa iki adohe kira-kira 9 km sekang Kota Purwokerto. Penduduke miturut data penduduk jumlahe ana 700 kepala keluarga (3.000 jiwa). Mata pencaharian sing utama teksih nang bidang pertanian. Uga ana sing dadi pedagang, wiraswasta lan pegawai negeri. Desa iki kagolong wis maju mergo fasilitas lan prasarana umum sampun lengkap.

Sarana pendidikanipun saking TK nganthi SMU wis ana nang desa Patikraja. Ugo ana Sekolah Terbuka kangge tiyang-tiyang ingkang dereng nathe sekolah utawi ingkang pengin neruske sekolah kanthi jenjang luwih tinggi. Wong-wong Patikraja teksih duwe budaya gotong royong ingkang kajogo nganthi saiki. Nek ana tangga utawa sanak kadang duwe masalah, pastine akeh wong sing gelem urun rembug lan urun tangan mbantu liyane.

[sunting] Desa Notog

Desa Notog kuwe desa sing apik. Kantor-kantor pemerintahan kecamatan iku ya nang Notog. Dalane wis alus apamaning wis ana Rumah Sakit Wisnu Husada, dadi lewih rame. Warga sing perek karo rumah sakit bisa usaha dagang lan liya liyane.

Saiki wis mulai dipasang lampu-lampu kiri kanan dalan wi witan kiri kanan dipagasi dadi kanton padang. Umpama Segara Windu sing nang grumbul Kalibacin digawe tempat kanggo wisata, kayane desa Notog tambah rame lan retribusine bisa menambah penghasilan Desa Notog. Pancen bener bareng lampu-lampu pinggir dalan murub dadi apik pisan keton sumingrah.

[sunting] Desa Kedungwringin

Desa Kedungwringin iki desa kang wilayahe berbatasan langsung karo kota Purwokerto.


mBalik ming: Kabupaten Banyumas
Wiki letter w.svg

Tulisan/artikel kiyé égin tulisan rintisan. Mangga mélu ngembangna dadi tulisan sing wutuh.

Piranti pribadi
Bilik jeneng

Varian
Tindakan
pandhu arah
Komunitas
Wikipedia
perangkat