Baworan

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Langsung menyang: navigasi, golèk

Bawor iku sosok pewayanan sing cocog banget nggambarake Banyumas, amarga kuwi bawor dadi simbole wong asli banyumas. Blakasutha / cablaka iku sifat bawor sing paling keton, senadyan blakasutha / cablakan tapi bawor iku paling seneng kambi sing jenenge urip ayem lan tentrem. Ra ana kerusuhan lan ribut - ribut. Watek blakasutha iku kadang dideleng dadi watek sing ala, amargi watek iki ra bisa nutup nutupi apa sing ana(apa anane) utawane terus terang. Watek sing kaya kuwe cocog banget nggambarake kahanan sing ana neng banyumas, amargi wong banyumas iku ra bisa sing arane kudu nglomboni(bohong). Iku sing nggawa banyumas dadi daerah sing adem ayem, ra tau ana sing jenenge kerusuhan. Jujur pancen kadang kuwi nglarani ati, tapi jujur kuwi bisa nggawa urip maring sing arane tentrem. Tapi sing jenenge blakasutha kuwi pancen angger dideleng kuwi madan kasar, amargi ra bisa ndeleng suasana sing apik. Banyumas iku kota sing adem, ayem, lan uripe tentrem.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Baworan"